Senin, 20 April 2015

Cerpen Bahasa Jawa - Duo Macan Kali.

Wong loro kuwi age mlaku-mlaku neng pinggir kali, terus ana wong ngguang sampah neng kali, wong loro kuwi ngonangi kambi nggawa samurai lan mbengok, "Heh! Kowe aja ngguang sampah neng kali!" Wong sing ngguang sampah iku langsung mlayu sakenceng-kencenge ngadohi wong loro mau. Amir lan Bayezid, iku jeneng wong loro mau, wong-wongpodo wedi karo wong loro kuwi nek arep ngguang sampah. Dadine, Amir lan Bayezid iku diarani "Duo Penjaga Kali" utawa "Duo Macan Kali." Amir iku laire neng Sleman, sa untara Bayezid laire neng Banyumas.

Salah sawijining dina, Amir lan Bayezid diwawancarai karo 2 wartawan, 1 seka Bantul, sijine seka Purbalingga.
Wartawan Purbalingga: "Nyong krungu-krungu ana loro wong sing njagani kali saking wong sing arep ngguang sampah ing kali, temenan ora kuwe?"
Bayezid: "Nyong karo Amir kiye njagani kali, ben wong pada wedi nek arep ngguang sampah."
Amir: "Mergone seneng njagani kali, aku karo bayezid diarani kuwi (Duo Macan Kali).
Wartawan Bantul: "Kowe njagani kali iki inisiatif opo dikon wong?"
Amir: "Aku karo Bayezid njogo kali iku inisiatif kok, ora ono paksaan.
Bayezid: "Makane nyong karo Amir njaga kali iku supaya kali iki tetep lestari, tetep lestari seka sampah, nek ana wong sing ngguang sampah sakepenake dewek, tak usir, nek ana sampah neng kali, nyong karo Amir njikoti karo ngresiki sampahe kuwe."
Wartawan Purbalingga: "Mulia nemen tekade ko ko pada, pada sukses yah!"
Amir lan Bayezid: "Suwun pak!"

Amir lan Bayezid tetep njagani kali, wong loro kuwi tetep semangat amarga pengen berperan kanggo kalestarian lingkungan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar